Vrydag 07 Junie 2013

penthol

wah, nek iki yo wis ra usah tekon,
sak pati (kudune) yo wes reti kabeh,
yup, kui gambar penthol dengan "rasa" doodle,
jujur gan, iki jajalan pertama gawe doodle, dadine yo "rasa" doodle jek rada kurang (menurutku)
kenapa?
siji wae alasane, kurang rame!
jal deleng, karakter sing ono ning gambar kui mung sitik, bahkan saling kelepas,
kurang rame en kurang ruwwet pokoke,

btw, ngomong2 tentang penthol,
ono sing ngerti ga, nek biyen sebener kui ono 4?
walah..akeh men, masa tah?

iyo ndan, legendane ngono, penthol kui ono papat, di setiap penjuru mata angin,
lor : isih ono, jenenge penthol godhi, ono ning pertemuan jalan dr. sutanto n jl. sunan kalijaga,
kidul : isih ono, penthol blaru, antara jalan mr. iskandar n jalan roro mendhut, nek kw ko simpang opo luwes, ngidul a terus ngko dak ketemu dewe,

lha, etan karo kulon sing saiki wes ga ono,
nek sing etan "jarene" mbah-mbah kae, onone ning sekitaran gemeces, cedak2 ada swalayan ngono lah
nek sing kulon, ngapunten, kabar burunge ning sebelah ndi wae q ga ngerti,

kenapa kok loro iki ilang yo?
yooh, nek menurut analisiku sih gara-garane 2 penthol iki mbejejeng ning dalan pantura?
lhah?
iyo, dalan pantura sing kala biyen ra sepiro, ngger pirang tahun mesti diambake, diambake, lha, kui..penthole akhire ra ngatasi dalane (waca : dalane malih amba, penthole ora) walaupun ngko nek penthole meh diambake, masa ngger pirang tahun pisan penthole meh dipugar diambake?
duwite nyainem,

yoo..menawa sok nek jalan pantura kui wes ngepol gedene (wes cedak-cedak iki) penthol mou dibangun meneh,
kenapa? ben terkenal ae, wehehehe,

soale penthol ki gapura sing desaine pati banget, soale sejauh iki rung tau krungu penthol ning kutha liyo..

disenengi desaine,
disenengi kaose,
diterkenalke penthole,

Geen opmerkings nie:

Plaas 'n opmerking